TPQ al-Falah, nggon ngaji neng erte siji

TPQ al-Falah, nggon ngaji neng erte sijiAku seneng banget nyritakna kie lur, temenan, merga siki neng kaligecek khususe neng erte siji wis ana tempat ngaji nggo bocah-bocah cilik, arane TPQ al-Falah, ya arane sesuai karo aran mushola sing ana neng kono. Mushola kue ana neng perek umaeh Pak Mudi utawa bapake kislam utawa ramane kaslam.

Sing cokan mulang kue arane Ustadah Ina, wis pada ngerti apa urung sapa kue ustadah ina? Ustadah ina kue bojone Pak Budi. Asale ustadah ina kue sekang jawa barat, mulane butul tulisan kie digawe siki deweke urung patia bisa basa jawa kloak kaya inyong pada, paling ya ngomonge karo basa Indonesia, nek mulang utawa aweh tausiyah ya esih nganggo basa Indonesia, tapi ya sepetil-petil wis bisa basa jawa.

Ustadah ina kue pinter babagan masalah agama, kaya maca alquran, donga-donga, solawatan, perjanjenan lan lia-liane. Deweke kue anu neng jawa barat ganu-ganune anu lulusan pondok pesantren.

Sing diwulangna neng tpq kue ya mawi-mawi sesuai jadwal lur, ana maca ikro, maca quran, donga sembayang, donga nggo sedina-dina, solawatan karo perjanjenan lah. Ya wong jenenge be TPQ ya ngerti dewek lah pada.

Sing pada ngaji ya bocah cilikan, bocah sing akeh ya bocah sing esih sekolah neng mim 2 kasegeran. Sekang erte siji dewek ya akeh, terus sekang erte loro ya pada ngajine ngonoh, terus bocah-bocah lebang gua ya ana sing ngaji neng TPQ kue lur.
TPQ al-Falah, nggon ngaji neng erte siji
bocah sing pada ngaji
Ya kie bisa diarani nggo solusi nggo bocah-bocah, soale ganu nek ngaji maring pak hufron kue cokan kendalane neng dalane. Nek maring pak kyai Hufron kan kudu nyabrang kali, sing jenenge wong tua ya pada kayong ora tega, apa maning nek lagi mangsan udan, kaline banjir, jan apa enggane kudu nyabrang lewat jembatan neng kene kulon, ya kemuteren. Nah anane TPQ kie ya syukur banget bisa dadi dalan metu utawa jalan keluar lah.

Wektune ngaji biasane bar sholat ashar, ya kira-kira jam 3an sore. Bali sekolah kan biasane jam 1 dadi ana waktu nggo ngaso karo dolanan disit. Siki ya bocah cilikan ya wis pada pinter maca aksara arab, iqro karo quran. Pokoke mbetaihlah, nyong seneng banget wilayah kaligecek-karang gintung wis akeh kemajuane. Gari ayuh pada disengkuyung bareng-bareng wilayah kaligecek karang gintung kon lewih maju maning, bocah-bocaeh kon pada lewih pinter maning. Ya pinter agamane, pinter nggolet duite, pinter pegaweane, lan sebarangane pokoke lah.

(Karang Gintung, 31 Desember 2015)

Komentar

Postingan Populer