Pak Anwar Sodikin: Pernah Dadi Ketua RT, BPD, Ketua RW

Pak Anwar Sodikin, pernah dadi ketua RT, BPD, ketua RWPak Anwar Sodikin alias Pak Nawin, wong-wong biasane nyeluke Pak Dikin utawa Pak Anwar. Umaeh neng erte papat, sebelah kidule mushola sing neng ngisor gili. Jasa-jasane kie wong kangggo lingkup Kaligecek Karang Gintung yaw is akeh lur, merga kawit gemiyen wis melu berkecimpung neng pemerintahan desa.

Deweke pernah dadi ketua rt, terus juga melu dadi anggota BPD alias Badan Permusyawaratan Desa, terus siki mulai taun 2015 deweke njabat dadi ketua RW ngganteni Pak Dirjo sing wis ganti dadi anggota BPD. Dadi ibarate Pak Dikin kambi Pak Dirjo kue lambangan anggon kaya kue, hehe, maksude lambangan jabatan..

Nek ana even utawa acara desa bisa dipesthekna Pak Dikin kie melu terlibat neng jerone. Contone agi ana PILKADES utawa pemilihan kepala desa taun 2013 wingi, pak Dikin melu dadi panitia, ora main-main, deweke dadi ketua PANWAS (panitia pengawas) sing tugase ngawasi jalane pemilihan kepala desa. Ngawasi masyarakate, ngawasi para pendukung lan botoh, ngawasi calon kepala desane, juga melu ngawasi panitia initi, mbok menawa ana hal-hal sing bisa acara pilkades mau ora lancer.
Pak Dikin aktif neng lingkup grumbul kaligecek karang gintung, kayane unggal bidang meh arep ana deweke.
Neng bidang olahraga, deweke seneng banget bal-balan, critane ganu pas esih sekolah sd, pak dikin pernah melu kejuaraan nganti butul tingkat kabupaten, duh bae mlebu tingkat propinsi, tapi kalah dadi ora sida. Nek ana acara 17an kan biasane ana turnamen bal-balan antar rw utawa rt, ya deweke senajan wis tua karo akeh pegawean nana ya deweke melu bae. Musueh pada wedi, solae garese atos dadi angger tabrakan utawa gajulan ya jelas pada dengklang musueh.

Neng bidang agama, Pak Nawin ya jelas pinter, deweke ganu pernah ngaji maring kyai sing neng bantuanten. Dadi nek kana tahlilan ya sing ngimami, sholat riaya, kepungan, traweh, karo acara-acara kepungan ya deweke sing ngimami. Saben dina jemuah ya deweke wis kelebu jadwal ngisi kotbah neng mesjid. Pendak malem kemis Pak Nawin juga sing mimpin sholawatan karo perjanjen neng Majelis Shalawat Al ‘Asyik (kek kue nek ora salah tulisane) sing tempate neng umaeh Pak Martaja, umaeh pak Martaja kue neng puncrit, pojokan nduwur dewek wilayah RT 5, gunung umaeh pak bau Syarifudin utawa pak sarip kae lah.

Sedina-dinane pegaweane Pak Nawin ya meh pada karo wong-wong umume neng Kaligecek-Karang Gintung ya kue nderes, nderese akeh banget ngasih engger ana halangan utawa ora kecendak wektune ya sering baul. Ora jarang juga nderese ngasih jam siji wengi, jan ora mupakat pokoke, mending nderese neng perek umah, kie nderese neng kebon nduwure jembatan jagaribu kae lho, sing jere akeh medine, pokoke wanian, ora medi wedi.

Selain nderes, pak nawin juga nyadap wit pines, ya pada bae karo nderes, deweke nyadapi wit krinese ya akeh banget neng ngalas, sadapane ngasih butul pereke gunung gripis kae lho. Nek lagi disadap ya getaeh ngasih rong pikul ngantep, cokan derewangi bojone ya kue Bu Karti arane.

Seliane nderes karo nyadap, Pak nawin juga seneng ingon ingon, ngingu wedus ya pernah, ngingu sapi ya pernah, ngingi enthok ya iya, ngingu iwak lele ya juga iya, pokoke apa bae ya de ingu, clurut kambi lemud ya di ingu juga, haha, ora ding kie tah anu guyonan.

Ya mung kaya kue tok sing bisa nyong aweh ngerti mengenai informasine Pak Anwar Sodikin utawa Pak Nawin.

(Karang Gintung, 31 Desember 2015)

Komentar

  1. Balasan
    1. Mbok rika arep crita ya kirim e-mailku,riannova17@gmail.com,utawa diinbok fesbuk, bahasane naggo bahasa ngapak, critane rika neng luar negri kue, sing nyenengi, hehe

      Hapus

Posting Komentar

Postingan Populer