Brug Sawangan sing Pagak

Brug Sawangan sing Pagak - Wilayah Kaligecek-Karang Gintung kue ana neng ujung kulon Desa Kasegeran, Kecamatan Cilongok, Kabupaten Banyumas. Wilayaeh jan adoh banget sekang kota lan depisah dening kali sing arane kali tenggulun lan kali wadas.

Seorane ana telung dalan sing bisa mlebu maring wilayah Kaligecek-Karang Gintung, pertama lewat Batuanten Siamba sing maring wilayah RT telu, keloro lewat alas Perhutani sekang Kaliputih sing jebule neng RT 4, lan sing ketelu sing paling rame lan utama yaiku lewat jembatan Sawangan sing sekang Cigadog karo Lebang Gua (Batuanten).
Brug Sawangan sing Pagak
brug sawangan dedeleng sekang kidul

Menurut crita-critane wong tua, ganu kue jembatan sawangan kur degawe sekang pring sing ora ngati-ati babar blas, ulane angger ana udan kue ora teyeng ngendi-ngendi, kejebak neng banjir. Angger kepaksane kudu lunga ya ora nana liya kudu nekad nyabrang nyebur. Nek adol gula maring magangan ya ngenteni banire sat, terus bocah-bocah ya sering mbolos ora mangkat, utawa nek mangkat nana ya sering keri terus karo klambi teles kejebur yong merga nyebur sih. Jan rekasane pokoke jaman gemiyen tah

Tapi mbarang kue mulai dibangun jembatan sing digawe sekang wesi, awet ngasih puluan taun. Tapi ya wong jenenge gawean menungsa ya ana bodole. Merga sering go liwat trak utawa engkel ya selot sue dlurunge bengkok karo saka sing nggo nyangga pada mletak.

Akhire tokoh wilayah kaya pak dul, pak dirjo, pak dikin, pak bau sarip, karo ketua-ketua rt sekang rt siji butul rt 5  detambah tokoh liane maning pada rempugan banjur ngusulna maring desa, banjur berkat salah sewijine anggota dewan sing njagong neng kana duwur, neng taun 2015 mulai debangun, rampung juga neng taun 2015 tepate bisa diambah neng wulan november.

Dadi siki kali sawangan jembatane ana loro, dadi pagak kaya plang plintheng, apik lah dedeleng. Tapi wong sing pada liwat ya milieh brug sing anyar, brug sing lawas ora tau nggo liwat, mulane ewuh godong-godonge. Paling ya deliwati angger ana wong maring kali arep adus utawa ngumbaih tok.

Debandingna karo jembatan sing wis lawas ya dawane lewih dawa terus ambane juga lewih amba, juga mestine lewih kuat juga wong dlurunge be nganggo wesi sing gede banget. Pokoke nek deambah trak utawa engkel ya ora ayag oyog maning.
Brug Sawangan sing Pagak
brug sawangan dedeleng sekang lor

Detambah maning angger ana udan gede sing gawe kaline banjir, pokoke dadi pemandangan mendadak sing apik lah, malah wonge pada neng duwur jembatan angger ndeleng banjir kali sawangan, jan ora wedi mol yah.

(Karang Gintung, 31 Desember 2015)

Komentar

Postingan Populer