Pilkaret RT 1, Pak Waslim Menang Telak


Pilkaret RT 1, Pak Waslim Menang Telak – Dina setu tanggal pitulikur Februari taun rong ewu nembelas kayane arep dadi dina sing ora bakal diemutna neng Pak Majidik. Dina kue yaiku dina terakhir deweke njabat dadi ketua erte sing wis dijabat kira-kira limolas taun.

Neng sambutane, Pak Majidik ngendika deweke esih kemutan bae njabat ketua erte kawit wulan sewelas taun sangang puluh sanga. Kambi madan mrebes mili deweke njaluk ngapura mbok menawa deweke njabat akeh lepat lan hilaf karo warga, deweke juga ngucapna maturnuwun maring warga sing wis manut dipimpin neng deweke selama limolas taun.
Pak Majidik aweh sambutan
Sebab-sebab dianakna Pilkaret (pemilihan ketua erte) sing anyar diaturna neng ketua erwe papat Pak Anwar Sodikin neng sabutan, “Pemilian ketua erte sing anyar bisa diarani penyegaran, sebab sebagian gede warga pada uwis melas maring Pak erte Majidik, deweke uwis sepuh dadi warga ora tega. Apa maning dadi erte kan kudu ngalor ngidul ngetan ngulon, bola-bali kumpulan, lan lia-liane. Pihak desa nampung juga nyambut apik usulan penyegaran ketua erte. Sing paling penting, palayanan warga bisa dipenuhi secara maksimal”

Sewise sambutan , pak erwe langsung mimpin musyawarah pemilihan ketua erte, desepakati pemilihan nganggo voting terttutup. Kabeh warga erte siji sing teka neng kono nulis nama jago utawa nomer urut jagone. Ana 7 jago sing bersaing ngrebut kursi ketua erte. Nomer urut siji Pak Kasmudi, nomer urut 2 Pak Taswan, nomer urut telu Pak Waslim, nomer urut papat Pak Sumidi, nomer urut lima Bu Narsem, nomer urut enem Bu Parni, terus nomer urut pitu Pak Tarkam.

Kertas suara karo pulpen dibagi neng pak Bau Sarip. Sewise kue warga langsung pada nulis, dag dig dug jago-jago pada ndonga moga-moga olih ndaru njabat dadi ketua erte.
Warga pada milih
Sewise kira-kira seprapat jam, gari wektune ngetung perolehan suara. Penghitungan dipimpin neng pak erwe, pak bau, karo pak erte marjo. Banjur kue diolih hasil:

Jago nomer urut siji, Pak Kasmudi olih suara 3
Jago nomer urut loro, Pak Taswan olih suara 1
Jago nomer urut telu, Pak Waslim olih suara 22
Jago nomer urut papat, Pak Sumidi olih suara 10
Jago nomer urut lima, Bu Narsem olih suara 0
Jago nomer urut enem, Bu Parni olih suara 1
Jago nomer urut pitu, Pak Tarkam olih suara 2

Berdasarkan hasil voting, Waslim menangna pemilihan ketua erte, botoh-botoeh pada surak rame, jago liane pada nglentruk kaya godong tales degarang. Pak erte loro, Pak Sikin langsung mbopong Pak Waslim.
Pak Waslim debopong Pak Sikin
Bar kue pak waslim kon aweh sambutan awal, neng sambutane deweke njaluk kerjasamane maring warga, deweke ngendika ora bakal sukses angger warga ora ndukung maring program-programe. Visi-misine deweke arep ndadekna erte siji dadi erte sing paling maju ngungkuli erte liane, banjur di sauti keprok sekabeane warga, termasuk jago-jago sing pada kalah mau.

#Selamat nggo Pak Waslim, mugio dadi pemimpin sing amanah#

Komentar

Postingan Populer