Pereng Dalan Lingkar RT 4 Gugur

Pereng Dalan Lingkar RT 4 Gugur

8 Februari 2016, Udan bae neng kawasan Kaligecek Karang Gintung 2 dina ora mandeg-mandeg marakna pereng dalan lingkar sing neng erte papat gugur. Kedadiane diperkirakna ya wengi malem senen, pas karo malem taun baru cina.

Dalan lingkar erte papat rika pada ngerti mbok? Kae sing neng kulon umaeh kaki sidin jenggot, dalan kue juga jurusan maring ngalas tut bisa tembus maring kaliputih. Mung bae angger mangsan udan kaya kie ora bisa diambah, paling ya motor tril.
Pereng Dalan Lingkar RT 4 Gugur
Pereng Dalan Lingkar RT 4 Gugur
Gugure pereng kie diomongna neng Sodara Risto : “iya kie kayane gugure wingsore, anu dasare kawi wingi udan bae, esuk sore, ngawan mbengi udane ora mandeg-mandeg, dadine ya pereng bekas gomol pring gugur”

Gugure pereng kue mau maring dalan sing biasa nggo liwat motor neng daerah kidul, kaya Pak Nardan, Pak Silam, Pak Yanto, Pak Madiki, Pak Sabar, Pak Nurudin, Pak Tahwin, karo Pak Sikin. Mulane dina kie (Senen 8 Februari 2016), wong-wong kue pada kerigan guguran kue supaya dalane bisa de liwati maning.

“Ya jelas motore aku ora bisa liwat, apa maning dalan kie siji-sijine, angger ora kerigan ya jelas pada keponto, wong aku niate arep makan di luar be kie kalasan baul” omongane Sodara Yanto sing lagi mbari kerigan.Tonton videone sing pada kerigan neng kene (ngapurane videone madan blur anu nganggo hape ora apik)

Lewat kerigan kue mau, Alhamdulilah dalan wis lagi madan ora ketutup maning. Moga-moga dina kie bisa rampung.

Ya memang udan kue berkah, tapi bisa ngundang bencana lemah gugur, apa maning daerah Kaligecek-Karang Gintung kue anu daeraeh jenggul-jenggul utawa ora rata, tapi untung bae wit-witane esih akeh kan dadi bisa nggo nahan banyun udan. Ya pada dingati-ati sedulur angger mangsan udan, khususe juga nggo sedulure inyong rika pada sing pada due deresan.

Komentar

Postingan Populer