Victor Cell, kontere Pak Disno Prawiro

Victor Cell, kontere Pak Disno Prawiro - Kemajuan jaman siki wis bangeting banter lur, sing ganu angger arep maring ngendi-ngendi kudu mlaku siki gari njagong karo nyekeli setir tok, siki kayane unggal umah neng Kaligecek-Karang Gintung pada wis ana motore. Ganu sing arep ngomongi utawa gendu-gendu rasa ya mburu nemoni langsung maring wonge, tapi siki wis jempole gar ital tul tal tul mejeti hape kabean bisa beres, asal due hape karo nek due hape ya hapene ora bodol.
Victor Cell, kontere Pak Disno Prawiro
pak disno prawiro

Trus sing ora due hape utawa due hape tapi bodol kepiwe? Kudu piwe? Ya jelas hapene kudu dedandani kon bener, kon moni tulat tulit. Masalah dandan tah ngenda-ngendi ya olih, maring purwokerto ya olih, maring hongkong utawa arab ya olih nganah bodoa rika angger gelem.

Sing jelas wong kaligecek juga ana sing bisa dandan hape karo nyediakna alat-alate, ya kue Pak Disno Prawiro. Pak Disno kue termasuk wong sing pinter babagan teknologi elektronik, ya merga wonge gaul nganah-nganah ya dadi pinter.
Victor Cell, kontere Pak Disno Prawiro
victor cell, melayani sepenuh hati

Kontere pak disno kue arane Victor Cell, template neng grumbul cirangkok desa cipete, nggone bojone deweke, bojone Pak Disno kue anu wong kana dadi ya kontere neng kana. Nek sekang kidul arah jombor kue ngalor terus, ana SD ya ngalor terus, ngliwati sawah nah kue kulon gili, warna cet kontere warna abang.

Mbok ana sing duwe hape bodol utawa arep tuku hape ya gari maring Victor Cell bae ya bisa, maring wonge dewek, hehe. Melu mpromosikna…syukur-syukur olih komisi, hehe

(Karang Gintung, 31 Desember 2015)

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer