Bak Banyune Pak Karnu sing Manfangati

Bak Banyune Pak Karnu sing Manfangati

Banyu kue kelebu salah siji kebutuhan pokoke menungsa urip. Jajal rika pada bayangna apa angger ora nana banyu apa rika bisa urip? Ora mbok?

Akeh banget kegunaane banyu. Sing nomer siji ya jelas nggo gawe wedang, wedang bening utawa wedang teh, wedang adem utawa wedang panas nggo gawe kopi utawa nggo adus angger hawane adem.

Kegunaan sing keloro ya kue nggo kebutuhan MCK. Banyu dibutuhna menungsa kanggo adus. Angger langka banyu jajal rika aduse karo apa? Mentakan karo lebuh? Ora mungkin mbok? Terus banyu kue gunane nggo umbah-umbah, ya mawi-mawi, ana ngumbaih klambi, ngumbah petelesan, ngumbah, piring, ringkok,  nganti tekan nggo ngumbah motor.

Terus sing due sawah kaya Pak Darmoni Krang Gintung utawa Pak Sudir Kaligecek ya jelas butuh banyu nggo ngileni sawah.
Bak Banyune Pak Karnu sing Manfangati
sawaeh pak karnu
Ya ngerti dewek mbok nek wilayah Kaligecek kue angel banyune mbok pada, ganu ana PANCIMAS, eh PAMSIMAS, tapi ya anu cokan bodol dadi ya banyune melu macet. Wong pada kebingungen, apa maning nganah nduwur kolome Pak Sikin sing adoh sekang kali.

Keadaane banyu angel koh untung bae ana Pak Karnu sing due saluran banyu sekang kaleng Brajag nganang bantuanten, awal mula ganu-ganune ya anu nggo ngileni sawaeh deweke, tapi ya wong anu banyune apik ya sue-sue wong konoan pada nganggoni, termasuk madrasah.

Siki nggon banyune wis digawe bak, bak kue debangune debantu neng pihak madrasah sing duite sekang urunan wali murid, pihak madrasah mbantu mbangun bak mergane pihak madrasah kue melu nunut banyu ibarate lah.

Wong-wong kolom ngkonoan ya meh arep kabeh njukue banyu sekang kono. Wong RT siji utawa wong-wong RT loro, khususe angger agi mangsan ketiga utawa mangsan terang, jan pokoke arep ngangsu seember be kudu ngantri kaya arep setor bank. Apamaning angger wong wadonan, jan isine gubes karo bada budu bae.

Malah angger terange sue ngasi sumur-sumur pada sat nggesat blas ora nana banyune seceret-cereta wong Karang Gintung be ana sing melu nagngsu neng kono.

Pokoke mergane akale Pak Karnu ganu sing due inisiatip nyedot sekang bantuanten kebutuan banyu nggo wong-wong bisa dibantu lah, ya nyong melu ndonga kue kabean dadi amal Jariyah sing mbesuk neng aherat arep olih ganjaran sekang Gusti Allah. Amin...

(Kaligecek, 2 Januari 2015)

Komentar

Postingan Populer